Pages

Sabtu, 22 Januari 2011

Swarane Kewan

  1. Swara asu: mbaung/ njegug.
  2. Swara babon: petok-petok.
  3. Swara banyak: pating krengah.
  4. Swara bebek: kwek-kwek.
  5. Swara cecak: ngecek.
  6. Swara dara: mbekur.
  7. Swara gajah: ngempret.
  8. Swara gangsir: ngenthir.
  9. Swara garengpung: ngrengreng.
  10. Swara gemak: ngelung.
  11. Swara jago: kluruk.
  12. Swara jalak: ngoceh.
  13. Swara jaran: beker/ bengingeh.
  14. Swara jangkrik: ngerik.
  15. Swara kebo: ngowek.
  16. Swara kethek: mere.
  17. Swara kidang: mbekik.
  18. Swara kodhok: ngorek.
  19. Swara kombang: mbengengeng.
  20. Swara kucing: ngeong.
  21. Swara kuthilang: ngoceh.
  22. Swara kuthuk: kiyik-kiyik.
  23. Swara kutut: manggung.
  24. Swara lamuk: nging-nging.
  25. Swara macan: mbaung/ anggero.
  26. Swara menco: ngoceh.
  27. Swara menjangan: mbekik.
  28. Swara merak: nyengungong.
  29. Swara sapi: mbengah.
  30. Swara singa: nggero.
  31. Swara tikus: citcit.
  32. Swara ula: ngakak/ ngeses.
  33. Swara wedhus: ngembek.

0 komentar:

Posting Komentar