Pages

Sabtu, 22 Januari 2011

Sebutane Mangan

  1. Mangane asu lan babi: mocok.
  2. Mangane boyo: nyaplok.
  3. Mangane butha lan diyu: mbadhok.
  4. Mangane celeng: nggogos.
  5. Mangane glathik: nisil.
  6. Mangane kebo lan sapi: nyenggut lan nggayemi.
  7. Mangane kethek: ngrokoti lan ngemil.
  8. Mangane macan: nggaglak.
  9. Mangane pitik lan manuk: nuthul lan nyucuk.
  10. Mangane singa: mangsa.
  11. Mangane tikus: ngikiti.
  12. Mangane ula: nguntal.
  13. Mangane wedhus: nyenggut lan gayemi.
  14. Mangane wong: Buka/ saur (wayah pasa).

        Sarapan (wayah esuk).

        Madhang (wayah awan/ sore).

        Menthong (wayah awan lan sore).

    

0 komentar:

Posting Komentar